Wednesday, November 08, 2006

Kidung Mantra Wedha


Kidung Mantra Wedha
Dhandhanggula

1.
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luputa bilahi kabèh,
jin sétan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawé ala,
gunané wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan ana ngarah ing mami,
guna duduk pan sirna.

2.
Sakèhing lara pan samya bali,
sakèhing ama sami miruda,
welas asih panduluné,
sakèhing braja luput,
kadi kapuk tibanireki,
sakèhing wisa tawa,
sato kuda tutut,
kayu aèng lemah sangar
songing landak guwaning mong lemah miring,
myang pakiponing merak.

3.
Pagupakanning warak sakalir,
nadyan ardya myang sagara asat,
satemah rahayu kabèh
dadi sarira ayu,
ingideran mring widhadari,
rineksèng Malaékat,
sakatahing rusuh,
pan dan sarira tunggal,
ati Adam utekku Bagenda Esis,
pangucapku ya Musa.

4.
Napasingun Nabi Isa luwih
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangké,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suléman kasektèn mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
Bagenda Li kulitingwang,
Abu Bakar getih daging Umarsinggih
balung Bagenda Usman.

5.
Napas Ingsung Nabi Isa Luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Ayub minangka ususé,
Sakèhing wulu tuwuh,
ing sarira tunggal lan Nabi,
Cahyaku ya Muhammad,
panduluku Rasul,
pinayungan Adam syarya",
sampun pepak sakatahing para nabi,
dadi sarira tunggal.

6.
Wiji sawiji mulané dadi,
pan apencar dadya sining jagad,
kasamadan déning Dzatté,
kang maca kang angrungu,
kang anurat ingkang nimpeni,
rahayu ingkang badan,
kinarya sesembur,
winacakna ing toja,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong édan dadi waras.

7.
Lamun arsa tulus nandur pari
Puwasa-a sawengi sadina,
iderana gelengané,
wacanen kidung iki,
sakeh ama tan ana wani,
miwah yèn ginawa prang
wateken ing ekul,
antuka tigang pulukan,
mungsuhira lerep datan ana wani,
teguh ayu pajudan.

8.
Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu penemuné,
lamun ginawa nglurug,
mungsuhira datan udani,
luput senjata uwal,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa déning Yang Kang Maha Suci,
sakarsané tinekan.

9.
Lamun ana wong kabanda kaki,
lan kadenda kang kabotan utang,
poma kidung iku baé,
wacakna tengah dalu,
ping salawé dèn banget mamrih,
luwaring kang kabanda,
kang dinenda wurung,
dedosané ingapura,
wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi
kang lara dadi waras.

10.
Sing sapareke arsa nglakoni,
amutiha lan anawa-a,
patang puluh dina waé,
lan tangi wektu subuh,
lan dèn sabar sukur ing ati,
Insya Allah tinekan,
sakarsanirèku,
njawabi nak - rakyatira,
saking sawab ing ilmu pangiket mami,
duk anèng Kalijaga

0 Comments:

Post a Comment

<< Home